
Contone akeh wong kang nganggo basa Jawa tanpa unggah ungguh basa, utamane yen matur karo guru utawa wong tuwane. Miturut panemuku, luwih becik bocah diajari matur nganggo basa Indonesia kanthi bener, tinimbang nganggo basa Jawa nanging ungguh ungguhe kleru. Iku padha wae ngrusak basa Jawa.
Critane, wingi aku dikabari salah sawijine kanca lawas, liwat sms:
"Aku lagi nunggu Ibuku neng IGD Bethesda"
Banjur daktelpon bocahe, kaya ngene ukarane:
"Ibumu gerah apa?"
"Stroke, jare ono sumbatan neng kepala.."
"Asmane Ibumu sapa?"
"Jenenge Ibuku **************."
Waduh, batinku. Ibune dhewe di "jeneng - jeneng"ke. Yen miturut unggah ungguh basa, ora pareng nganggo tembung "jeneng" utawa "aran" kanggo Ibu. Ibu, priyayi kang dipepundhi kudu diajeni, salah sawijine kanthi nganggo basa krama yen ngaturi. Ora kena dipadhakke awake dhewe. Contone, yen awake dhewe mangan, yen Ibu yo dhahar, lan sapanunggalane.
Terusane:
"Ibu ojo diaturi ngendikan wae. Ben ngaso."
"Lha wit mau cen ora omong apa -apa.."
"Walah," batinku maneh, saya miris. "Ibune di"omong - omong" ke..."
"Biasane dhahare piye to...?" pitakonku maneh.
"Woo.. yen Ibuku mono apa - apa dipangan.."
"Oalah Gustiiiii..."batinku saya risih. "Ibune dipadhakke renget.."
Prihatin tenan rasane atiku sakbubare krungu kancaku mau. Jebule wes akeh wong saiki sing duwe sipate Raden Werkudoro, ora isa basa,...
Gambar kajupuk seko kene.