Sabtu, 28 Maret 2009

Waduh.. Werkudoro tenan! (Basa Jawa)

Amarga aku lair lan gedhe ana ing tanah Jawa, aku rumangsa cedhak lan duwe rasa nduweni karo basa Jawa. Rasane risi lan eman - eman yen basa Jawa ditrapke ora sakmesthine.
Contone akeh wong kang nganggo basa Jawa tanpa unggah ungguh basa, utamane yen matur karo guru utawa wong tuwane. Miturut panemuku, luwih becik bocah diajari matur nganggo basa Indonesia kanthi bener, tinimbang nganggo basa Jawa nanging ungguh ungguhe kleru. Iku padha wae ngrusak basa Jawa.

Critane, wingi aku dikabari salah sawijine kanca lawas, liwat sms:
"Aku lagi nunggu Ibuku neng IGD Bethesda"

Banjur daktelpon bocahe, kaya ngene ukarane:

"Ibumu gerah apa?"
"Stroke, jare ono sumbatan neng kepala.."

"Asmane Ibumu sapa?"
"Jenenge Ibuku **************."

Waduh, batinku. Ibune dhewe di "jeneng - jeneng"ke. Yen miturut unggah ungguh basa, ora pareng nganggo tembung "jeneng" utawa "aran" kanggo Ibu. Ibu, priyayi kang dipepundhi kudu diajeni, salah sawijine kanthi nganggo basa krama yen ngaturi. Ora kena dipadhakke awake dhewe. Contone, yen awake dhewe mangan, yen Ibu yo dhahar, lan sapanunggalane.

Terusane:
"Ibu ojo diaturi ngendikan wae. Ben ngaso."
"Lha wit mau cen ora omong apa -apa.."

"Walah," batinku maneh, saya miris. "Ibune di"omong - omong" ke..."

"Biasane dhahare piye to...?" pitakonku maneh.
"Woo.. yen Ibuku mono apa - apa dipangan.."

"Oalah Gustiiiii..."batinku saya risih. "Ibune dipadhakke renget.."

Prihatin tenan rasane atiku sakbubare krungu kancaku mau. Jebule wes akeh wong saiki sing duwe sipate Raden Werkudoro, ora isa basa,...


Gambar kajupuk seko kene.

53 komentar:

  1. Prihatin sih boleh.. tapi bagaimana dengan sekolah pada jaman sekarang, anak anak di ajari bahasa Indonesia, sementara bahasa Jawa atau bahasa daerah tidak digubris.

    Orang seangkatan saya masih diajari bahasa jawa oleh masyarakat, mesjid, sekolah dan di rumah, anak sekarang belajar dari mana? Di rumah orang tua sudah tidak menggunakan bahasa Jawa yang baik, di sekolah pelajaran bahasa jawa diberikan oleh guru yang enggak ngerti psikologi anak.
    Lihat pelajaran bahasa Jawa, masa sampai sekarang materi ajar masih seperti jaman dulu, membahas sawah, sapi, luku dll, padahal saat ini subjek itu kan enggak dikenal anak, jadi bagaimana anak bisa memahami dan mencinta "pelajaran bahasa Daerah (Jawa)"

    Jadi priharin saja kurang cukup ya..... mungkin suatu saat kalau mau belajar bahasa Jawa harus ke Leiden he he he he

    BalasHapus
  2. Lha itu.. Pak tulus.. harusnya ya materi pelajaran bahasa Jawa disesuaikan dengan jaman, bukan hanya ngrembug "araning anak kewan" sama "araning godhong" padahal hewannya seperti apa atau daunnya seperti apa, anak tidak pernah tahu. Akhirnya cuma apalan mati, untuk kemudian dilupakan.

    Jangan sampai ah, belajar basa Jawa ke luar negri, ayo memakai bahasa Jawa yang benar!

    BalasHapus
  3. Mangga kita wiwiti kaliyan kita ...mliginipun kula piyambak

    Nangin kula radi lingsem menawi kedah nulis mawi basa Jawi ( ing aksara latin) sebab sampun mboten saget mbedaaken D kaliyan DH he he he he he

    BalasHapus
  4. Hehe.. ben ora lali basa Jawa, Jo... jebulno yo rada angel nulis nganggo basa Jawa.. :D

    BalasHapus
  5. kulo inggih namung bandha nekad kok.. :D

    BalasHapus
  6. KUlo nggih nyuwun warahan boso jawi malih nggih Hida....sampun susah sakmenika ngagem ingkang alus2 ngaten.....hehheheheh

    BalasHapus
  7. Hehe.. anggere aku diwarahi basa walikan yo?

    BalasHapus
  8. Aku ya rada susah mbak yen kon basa jawa alus. Yen ngomong wae isih rada isa tapi yen kon nulis ngene ki mesti susah banget. Salut (eh salut basa jawa-ne apa ya? Hahaha)

    BalasHapus
  9. Lha olehe angel mergo ora kulino to? Iki olehku nulis yo rada tunak tunuk.. :D
    Salut ki basa Jawane apa? Wah.. lha kok malah ninggali pe-er ki ..

    BalasHapus
  10. lha aku karo ibu-bapakku biasa ngoko je mbak ....mangkane lek karo morotuwo blekak blekuk, mending nganggo bhs endonesah :-D

    BalasHapus
  11. Moco posting iki kudu alon-alon, mergo ilate kok rasane ketekuk-tekuk.. :)

    BalasHapus
  12. wadowh... mesti ati2 menggunakan bahasa jawa. karena saya besar di jakarta, nanti klintu nulis
    repottttttt

    BalasHapus
  13. Lha ngoko yo rapopo, ning yen kata kerja kanggo Ibu ki kudune tetep dibasakke.. :)

    BalasHapus
  14. Yen ora nate dinggo malah saya lali Mas-e..

    BalasHapus
  15. hahaha...jaman cilikanku mbiyen aq yo diarani koyo Werkudoro. Ra iso boso. Neng njuk akhire iso, ra ketang sithik. hihihihi....

    BalasHapus
  16. mbak, kedahipun nyeratipun blog meniko ngagem aksoro jawi supados mboten wonten tiyang ingkang ngertos *capee nulisnya he he he*

    BalasHapus
  17. Yen ra iso basa di arani werkudoro, la nek basa saumpama sega dikancani mi kaya magelangan kae njuk di arani nopo mbak Yu?

    Menawi nembe sinau basa, njuk sok nyampur jawa lan endonesia je :-????!??

    BalasHapus
  18. lha nek aku warga banyumasan yo piye mbakyu...
    bupatine madang, luraeh madang, ramane madang, ning aku rung madang
    kapan dijak makan ki..?
    hihihi...

    BalasHapus
  19. Iki critane jaman kemajuan mbak, dadine basa Jawa sing uuaangel (apa maneh aksarane) nggih suwe-suwe ditinggalke, rak mekaten to?

    BalasHapus
  20. walah Duk.. awakmu mbok-o durung iso basa, ketok-e tetep ora kaya Raden Werkudoro.. hehe.. opo maneh yen basane mlipis.. wes, jan kaya Raden Lesmana Mandra Kumara..

    BalasHapus
  21. Lha ra duwe kibord aksara Jawa je..

    BalasHapus
  22. lha ya Magelangan to Eka..
    brati Eka olehe nganggo basa Jawa campur basa Indonesia, dadi basa Magelangan..?

    BalasHapus
  23. Hihi.. sajak-e basa Banyumasan duwe unggah ungguh dewe, Mase.. :D

    BalasHapus
  24. Basa Jawa ki angel poooo? .....
    Olehe dadi angel kuwi amarga ra tau dinggo.. rak nggih mekaten to Pak Yo?

    BalasHapus
  25. hahahaha.... aq tak dadi Gatotkoco wae! Superhero favoritku!

    BalasHapus
  26. kurang serem Duk.. Lesmana wae..
    *tetep*

    BalasHapus
  27. aku kawit cilik ngomonge ngoko je nek karo bapak ibu...
    tapi bar wis gede, nek karo bapak nganggo boso, tapi karo ibuku tetep wae ngoko :-D

    BalasHapus
  28. Ngoko yo rapopo Tin aku biyen yo ngoko karo swargi Ibuku.. ning yo kuwi mau, kata - kata tertentu tetep dibasakke.. kaya dhahar, sare, tindak.. :)

    BalasHapus
  29. wah la aku biasa pake bahasa indonesia sama keluargaku hehehe

    kalo sama temen baru pake bahasa jawa

    BalasHapus
  30. kanca kancamu wong jawa kabeh yo Yik?

    BalasHapus
  31. hehe.. mau kursus bahasa Jawa? ini tentang berbahasa Jawa yang baik dan benar.. :)

    BalasHapus
  32. Wuihh.. yo jelass.. alumnus tamsis jeeeee...

    BalasHapus

  33. mawwuuuu... mawuuuuu...

    *tapi harus tinggal di jogja ya?*

    :D

    BalasHapus
  34. Iya dwong... :D masak harus buka kelas jarak jauh

    BalasHapus
  35. iya no ...eh iya yes...contone, mosok ibu mangan ? yo ibu dhahar ...:)

    BalasHapus
  36. Budayanya beda, mbakyu. Kultur petani membuat anggah ungguhnya berbeda dengan kultur Jokja. Seni misuhnya juga blak blakan dan tidak perlu berubah jadi bajigur. hehehe...
    Klik saja disini deh Inyong Bangga Dadi Wong Ngapak

    BalasHapus
  37. sipp sipp.. ngko digawe daftar tembung sing kudu dibasakke yo?

    BalasHapus
  38. Hehe.. Mas-e menawi dhahar nggih ajak - ajak kulo to?

    Iya, memang unggah ungguhnya beda. Bahasa Banyumasan kan sering ada di Jogja TV, acara "Inyong Siaran"... Lha tapi kanca yang dijurnalkan ini wong Yukjo je Mas.. Yukjo asli, tapi sajak-e tedhak turun-e Raden Werkudoro.. :D

    BalasHapus
  39. Saya beruntung dibesarkan dengan menggunakan menggunakan bahasa sunda sopan, walau sempat salah paham tentang cara penggunaan. Untuk bahasa Jawa saya beruntung tinggal di Jogja, di tempat kost, saya lumayan dekat dengan warga sekitar. Enaknya, setiap anak yang lebih muda menggunakan bahasa halus untuk orang yang lebih tua atau untuk berbicara dengan tetangganya, walhasil sedikit-sedikit saya bisa.

    Tidak enaknya adalah ternyata teman-teman saya (khususnya kalau di kampung) jadi sungkan dan kagok kalau ngomong sama saya, saya berusaha bicara dengan aturan sementara mereka tidak terbiasa jadi terkesan hati-hati hehehehehe

    BalasHapus
  40. kawit cilik (SD) aku krama-nan karo bapak ibu lan tiyang sepuh liyane. sakdurunge sih ngoko, ananging tansaya suwe sadar dewe yen karo wong tuwo kuwi kudu ngajeni. Lan ora ndadak didawuhi bapak-ibu, akhire aku sithik2 mulai nganggo basa krama karo wongtuwo, bablas ngasi saiki. yo mung krama lugu sih, ora alus2 banget :-D

    BalasHapus
  41. Iya, kalau kita menggunakan bahasa yang benar biasanya lingkungan kita ikut ketularan.. :D

    BalasHapus
  42. Podho nDhan, aku biyen yo kudu nganggo basa krama karo Bapak, yen karo Ibu lan mas - mas mbak - mbakku, aku nganggo krama ning campur ngoko ben rada akrab. Tekan saiki isih kegawa lan dadi risi yen krungu wong liya nganggo basa krama kewalik walik :D

    BalasHapus
  43. xixixix

    renget yang di kayu itu to bu?

    BalasHapus
  44. ho-oh, rayap.. apa apa dipangan.. :D

    BalasHapus
  45. met ulangtahun mbakyu
    mugi-mugi usianya berkah, diridhai umurnya...
    sukses dan bahagia di hati,selalu..amien

    ----------------------------------
    love

    BalasHapus
  46. mbak hida, menawa diposting ngangge aksara jawa luwih muanteb, mbak, heheheh.. :D

    BalasHapus
  47. waduh.. mboten gadah kibord tulisan Jawa jee..

    BalasHapus
  48. ternyata bahasa Jawa lebih susah dari bahasa Sepanyol....

    BalasHapus