Kamis, 18 Juni 2009

Kamis Esuk (Basa Jawa)


Ono undangan pertemuan jam 8:30, neng gedung pertemuan daerah mBadran.. whaa.. uadoh poll seko Kalasan. Lha kok yo olehku tangi nganggo kerinan barang, melek melek wes jam setengah wolu. Oalah Gusti....

Yo wes, njuk nubras nubras nyaut andhuk mlebu kamar mandi. Adus waton teles, klamben waton nutup.. hehe.. Jam setengah sanga thit budal seko Kalasan. Wes mesthi telat ki, ha mbok arep ngebut nganti jembilit yo mesthi telat!

Lehku numpak motor rumangsaku wes sak banter - banter-e. Tujune ora nabrak, ora nyampluk pemean e tanggane, ora nyemplung selokan. Ning yo ndilalah kersaning Allah tekan UIN, lha kok yo dalane kebak, macet.. "Iki wong -wong ki gek dho arep neng ndi to yo?.. ora ngerti wong kesusu," ngono pikirku. Tekan prapatan pingit wes meh setengah sepuluh.. walah jan ra mutu tenan.. ngendi ono teko pertemuan kok telat sak jam. Dongaku mung siji, muga muga pertemuan-e rung bubar. "Ojo bubar sik yo, Lakon-e rung teko, Amiin.." Hehe..

Mlebu ruang pertemuan, aku thingak thinguk.. lho kok santai temen iki pesertane. Ono sing ngendikan, guyon,.. Mati aku, wes rampung tenan...

Bar tanda tangan daftar peserta, njupuk snek, lungguh ngarep dhewe (lha kursine sing kosong kari sing ngarep dhewe) njuk ono sing pidato. Kesimpulan-e po yooo??
.. jebuleee..

wooooo pertemuan-e lagi dibukak!!!!

Horeeee!!!! ora sido telaaat!!!!!!!!!!!!!!


39 komentar:

  1. lhaaaa kepriben kuwi?
    dadi panitia karo pesertane phodo telate po?hahahahaha

    BalasHapus
  2. BHUAHAHAHAHAH...... kowe kerasukan Ratmi B-29 po yu??? BHUAHAHAHAH.... nguekek tenan aq!!!

    BalasHapus
  3. Ho-oh.. atau mungkin cen ngenteni aku leh mbukak.. hahahaha
    *Ge-Er sak polle*

    BalasHapus
  4. Ngenteni Lakon-e soal-e.. hehe..

    BalasHapus
  5. Hehehe.. wes suwe ora posting yo dadine ngene iki Duk,.. njebluk!

    BalasHapus
  6. Nganggo.. wes muni jam setengah limo, tapi setengah enem turu neh.. hehe..

    BalasHapus
  7. tur aq seneng, saiki MP rame meneh!!!! HOREEEE...!!!

    BalasHapus
  8. Ho-oh..
    posting ngene iki neng nggon liyane ora seruuuuu.................!
    Mari kita kembali ke MP, jalan yang benar... :D

    BalasHapus
  9. Hehehe.. mas Tian pucing yaaa?...
    Pokok-nya Ga jadi telaaat... hahhaha...

    BalasHapus
  10. Nek neng PKK nggonku biasa kuwi mbak molor sak jam :D

    BalasHapus

  11. Halaaaaaaah..bola bali wong Indonesia..lak kondhang jam karete.
    nek theng tepat waktu kok malah nggumunke..:-D

    Wah aku le moco nganggo kleru kleru barang je Bu..ning mbasan diwoco sero lagi ngguyu dewe sajak koyo nek dewe ngomong ngoko wae..hehehe!

    BalasHapus
  12. Hehe.. lha iki pertemuan resmi jeee.. instansi2 kondang sing diundang.. jebul kok yo molorr... tiwas setress...

    BalasHapus
  13. Hehe.. lha iki pertemuan resmi jeee.. instansi2 kondang sing diundang.. jebul kok yo molorr... tiwas setress...

    BalasHapus
  14. tapi wingi aku bersyukur hidup di Indonesia.. Coba neng Amerika, aku mesthi wes telaaattt.... !

    BalasHapus
  15. Wheee.. kalo ke Bulaksumur, ga pake molor.. ya wit yaaa? *golekbala.com*

    BalasHapus
  16. aku ki biasa nek mung byayakan, ngoyak wektu !
    ning nek kiro2 ora nyandak tenan , alung mampir nggon liyane wae

    BalasHapus
  17. Halo Inung..
    Lha yen aku mampir nggon liyo rak malah ra sido menghadiri pertemuan kuwi to, padahal jebule ora telat :D

    BalasHapus
  18. wes entek Gun.. Lha rung sarapan je.. yo tak pangan snek-e kabeh, ono rollcake, arem arem, tahu brontak,.. tambah aqua gelas.. :D

    BalasHapus
  19. Hehehe.. iki cen basa santai kaya wong ngobrol.. dudu basa Jawa baku!

    BalasHapus
  20. hihihi ...opo yo lewat selokan, kok wedi kecemplung selokan ?
    kemis isuk ki sakjane kan jadwale tenis tho mbak, jam 6 wis nyampluk'i bal nganggo raket :-D

    BalasHapus
  21. huaahahaahahahahahhahahahahahaaha mbayangke dirimu thingak thinguk mbak...

    BalasHapus
  22. Hehe.. cen oraaa.. trauma tenan aku yen karo selokan....
    Minggu ini Kamis-e prei.. Mung Selasa thok karo Minggu awan :D

    BalasHapus
  23. Sigiiit... imbauan mu untuk kembali ke MP wes tak ikuti lhoooooo....

    BalasHapus
  24. nyong juga sudah kembaliiii....hahahaha

    BalasHapus
  25. hahhahahaahahahahahhaa............. amannnn....

    BalasHapus
  26. hehehe alhamdulillah apik2 ae mbak.....

    BalasHapus
  27. seruu critane ! Nganggo kemringet ra ?

    BalasHapus
  28. piye critane dhek bengi bengi kae?

    BalasHapus
  29. ora.. mung trataban karo rada menggeh menggeh.. :D

    BalasHapus