Kamis, 14 Januari 2010

Mau bengi wes meh less leh turu kok sakkleraman weruh wong Bagus.. woooh.. jebul ono The Jackal neng TransTV.. Bruce Willis isih kinyis kinyis.. langsung mak byar ra sido turu!

22 komentar:

  1. wehhhh.. niyat disawat munthu provost-e aku ngko..

    BalasHapus
  2. anake tonggoku we nek weruh aku trus ra turu. nangis keweden...

    BalasHapus
  3. apikan sing judule the day of the jackal...

    BalasHapus
  4. hahahahaa tosss mas bim, aku yo meh muni iki!

    BalasHapus
  5. Ha mbuh aku muk ngematke mas Willis ora ngerti critane.. :p

    BalasHapus
  6. tak pikir ngimpekne aq njuk mak byar! Padhang ndonyamu.... hihihi...

    BalasHapus
  7. Hoo.... nek ngimpekne awakmu malah marai migren ketoke.. :D

    BalasHapus
  8. dibayari sing ngarep mbak...hihihi

    BalasHapus
  9. versi wong nggantheng ki bedo2 per generasi yo..
    aku jik megang johnny depp sebagai wong nggantheng
    owhhh...

    BalasHapus
  10. hoahhahha.. the scissorhands.. :D
    aku nyekeli jack nicholson, bruce willis.. karo iwan fals.. nek sing ijik brondy yo ariel peterpan wae :D :D

    BalasHapus
  11. haha.. basa jawa kuno.. sakkleraman ki sepintas.. sekilas..

    BalasHapus
  12. woaaahhh... mbak Hida kiy mengidolakan bruce willis toh... yen kanggoku bintang pilem sing tak anggep nggantheng sejak aku SMA tetep Kevin Costner..! :D

    BalasHapus
  13. urutan pertama ki Jack Nicholson janee (dhek main One Flew Over the Cuckoo's Nest, wow..) .. ning amarga JN wes ngunduri sepuh, wes pating klunthung.. yo urutan berikutnya Bruce Willis kuwi.. hehe

    BalasHapus