Sabtu, 12 Mei 2007

Basa Jawa tur ora penting: Baladewa kelangan gapit





Wes pirang - pirang dina iki aku kepingin nulis artikel sing rada mutu  nanging nganggo basa Jawa. Jebul kok ya angel temen. Ana sakjerone artikel sing durung dadi kuwi aku uga kepingin gawe sanepa yen priyagung kelangan prabawa ki kaya wayang satriya kang ilang gapite. Nanging ndilalah aku blas ora kelingan paribasan basa jawa sing ngemu unen unen kuwi.. "kaya.... ilang gapite" Kaya sapa yaa? Werkudara? Gatutkaca? Dursasana (Dursasana ki satriya dudu yaa?)

Saking judheg anggonku mikir, satriya ngendi kang kelangan gapit kuwi, aku dadi ra sida ngrampungake tulisanku. Lha pas ndelok Iwan Fals neng TV sing  nyanyine apik banget, nanging bareng kudu pidato mung plegak pleguk ora karuwan, aku njuk kelingan satriya iku maneh.."Lha.. iki ya padha wae.. kaya......... ilang gapite," mengkono pikirku. Rasa penasaran (penasaran ki basa Jawane apa?) ku metu maneh. Sapa ya? Kaya ... ilang gapite, kaya sapa?

Tekan kantor, kanca - kanca sak kantor tak takoni yo ora ana sing ngerti. "Sik tak takokke Pak Anu neng gedung Pusat bagian X.. kae jagone babagan wayang.." mengkono ngendikane Bu M. Wah, urusan kelangan gapit wes nyebrang kantor Aku uga sms kanca - kancaku sing kira - kira ngerti urusan iki. Lha kok saben sing daktakoni melu penasaran. Ho'oh ya? Sapa sing Ilang gapite? Malah ono sing wangsulan, sik tak nyuwun priksa Prof Anu, Dokter Anu, utawa Doktor sapa maneh.... we lha gawat..  para priyagung Gadjah Mada arep melu urun rembug urusan kelangan gapit..

Esuk uthuk uthuk mau, bar subuh wes ana pirang - pirang sms mlebu Hapeku:
"Jebul Baladewa sing kelangan gapit",
"Kayaknya Prabu Baladewa Bu.. kalo gak salah"
"Bu, kata suami saya, Prabu Baladewa ilang gapite"
lsp (lan sapanunggalane)

ana maneh sing unine:
"Oh Raden Gatotkaca ya boleh ya? Ya, Prof matur nuwun.." Iki mesthi forward-an seka priyagung Gadjah Mada sing uga piawai sual per-gapitan..

Sing gawat maneh:
"Lha arep nggapiti sapa ta?"
"Panjenengan nemu gapit wonten pundi"
wee.. lha saya adoh ki urusan-e..

Aku banjur eling Wiwit Ibune Vari.. hehe.. sapa ngerti dheweke uga duwe ngelmu pergapitan eh pewayangan kang dhuwur, dadi ngerti, sapa sing sakjatine kelangan gapit. Wes pokok-e sapa sing kira -kira ngerti tak takoni.

Bareng tak coba nggoleki neng google, jebul urusan iki uga wis diserat ana wikipedia. Pancen paribasan iku unine:

Baladewa ilang gapite, iku wong kang ilang kaluhurane. Baladewa iku wayang kang gagah pideksa, nanging wayang yen ilang gapite ora isa dienggo dening dhalang. Gapit iku kayu utawa lulang penyu sing kanggo njepit wayang supaya bisa ditancepke ing debog lan bisa jejeg.

Wah, ngertio isa digoleki seka google, aku rak ora sah marai geger wong sak kampung kon nggoleki sapa sing kelangan gapit Kagem para kanca, sanak kadang inggih para pini sepuh lan priyagung ingkang sampun kula repoti babagan pergapitan punika, kula nyuwun agenging pangaksoma..


Jebul gapite Prabu Baladewa uga isa digoleki ana internet..


 


  


Gambar Prabu Baladewa, kajupuk seka kene


37 komentar:

  1. wah aku seneng banget moco tulisan koyo ngene.....nulis sing koyo ngene meneh yo, Mbak.....tak entheni :)

    BalasHapus
  2. walahhh pintrwayang juga ya bu dokter....aku ora ngerti babar blas ttg perwayangan....

    BalasHapus
  3. Angung KS: hehehe,.. tulisan ra penting iki.. mung kaya crita neng angkringan kae.. :p yo Alhamdulillah yen ana sing seneng.. :)

    Mbak Yuni: Jaman saiki.. cerita wayang isa digoleki seka internet, Mbak... :)

    BalasHapus
  4. walah kagak ngerti... ngerti separo2 sih, tapi ya harus pake merem-melek, kening berkerut-kerut!!!!

    BalasHapus
  5. teruk tuk..tuk..tuk.... nganggo suwi macane..... :P

    BalasHapus
  6. ini anu kok Mbak Mer.. cuma soal Gapit (jepitan wayang) nya Prabu Baladewa yang ilang. Peribahasanyaa: Kaya Baladewa ilang gapite (seperti Baladewa hilang gapitnya)
    artinya Satria yang kehilangan keluhurannya.

    Cuma, saya nggak ingat siapa yang kehilangan gapit itu hingga harus mengerahkan para Satria dari Gadjah Mada untuk mencarinya
    :) :) :)

    BalasHapus
  7. Kesimpulannya: Gapitnya Prabu Baladewa pun dapat dicari di internet.. hehe.. internet memang Te O Pe..

    BalasHapus
  8. ora sah serius serius La... ora penting kok..:D

    BalasHapus
  9. justru kuwi sing marahi menarik :)

    BalasHapus
  10. wah, kalau bagian yang ini "Jebul gapite Prabu Baladewa uga isa digoleki ana internet.." sih emang ngerti. yang kagak ngerti tuh yg detail2-nya lho.......

    duh, kening makin berkerut nih... hayo tanggung jawab!!! *hehe*

    BalasHapus
  11. waaa.. musti bikin indonesian edition nih hehe.. tapi believe me,.. ini nggak penting kok.. :p
    tapi, mbak Mer jadi penasaran soal gapitnya Prabu Baladewa? hehe..

    Brati harus ditambah: tidak cuma "priyagung" Gadjah Mada tetapi ternyata "priyagung" dari ASU juga ikut penasaran..

    BalasHapus
  12. wooo.... tak kira Klabang ilang gapite....:P

    BalasHapus
  13. ngomong opo sih mbak...
    gak mudeng aku...

    BalasHapus
  14. dadi klabang ompong :D..
    atawa para ilang gapite .. ra sida dadi paragapit :p

    BalasHapus
  15. ngomongke gapite Prabu Baladewa 'An... :p
    wong kandhani ra penting kok...

    BalasHapus
  16. nek sing diomongke aku mudeng...
    tapi pake bahasa apa aku gak mudeng...

    BalasHapus
  17. kok dadi eling moco ben dino majalah Panyebar Semangat nak pas mudik ngetan..

    BalasHapus
  18. nek aku kok njur kelingan Djoko Lodhang :-D

    BalasHapus
  19. Oalaaah. La kok kaya Baladewa ilang gapite. Selak kepengin dadi Rektor, jebul ora oleh swara. Oalaaah. Kok koyo Raden Gatotkaca ilang kutange (kutang antakusumo). Dipepe nang pager. Dijupuk wong nayap. He. He. "Arep nayap opo melet, Ka?" pangandikane Hida.

    BalasHapus
  20. sakjane aku ki radong gapit ki opo, mulane pas ditakoni mbak hisa, ta' kira2 sapa sing duwe gapit? Trs ta' jwb wae werkudoro, yak'e nek gapit kuwi podo karo kuku pancanaka :p

    BalasHapus
  21. mbakyu, aku sing moco kesel banget!! Tapi sajake iki lagi trend opo? Kok aku lan konco2 Solo saiki yo senenge email2an nganggo boso Jowo madyo. Waaah.... yen email-e dowo marakne repot sing moco!

    BalasHapus
  22. wekekeke... takon mas wiki aeeee...

    BalasHapus
  23. hayooo..bu ika...mangke kula aturaken pak calon rektor lhooo...hehehehe... :))

    BalasHapus
  24. Lha iya.. yen Gatotkaca ki ilang kutange.. dadi ra iso mabur :p

    BalasHapus
  25. Penjebar Semangat ki isih ana ta?

    BalasHapus
  26. Baladewa ilang gapite.. kira - kira setara karo.. Werkudara bar manicure dadi kuku pancanakane ilang.. :p

    BalasHapus
  27. kesel tapi marem ya mbak Haleyy.. :p

    BalasHapus
  28. favoritmu mesthi "jagading Lelembut"..

    BalasHapus
  29. anggere ora kaya petruk ilang pethel-e.... :p

    BalasHapus
  30. Wit.. yen werkudara ilang kukune.. kuwi mergo kakehan umbah umbah

    BalasHapus
  31. Kok ora panjenengan dewe wae sing kelngan gapit kuwi, mas!!!!!!!!??????????

    BalasHapus
  32. kudune sakdurunge wiwit nulis bab pergapitan, mbok wenehi pawarta: "Nuwun para miarsa kakung saha putri, sugeng midhangetaken giyaran ringgit wacucal kanthi tetenger: Srihida Kelangan Gapit...."

    Ngonooooo.....

    BalasHapus
  33. Huaaaaa... aku diundang Mas... Huaaaaa....!!!!

    BalasHapus
  34. ning jan-e aku ra kelangan gapit je.. mung nggoleki sopo sing kelangan Gapit.. :D

    BalasHapus
  35. bhuahahahahah...Mas Hida! Hahahahaha...berarti bojomu hyuuk mbak!!!! Lha merrit karo mas2? Hahahaha....

    BalasHapus
  36. whoo.. tak aturke lho Dukk... :D aku dikira mas - mas yak-e suale ora sajak ringkih kaya... hehe.. kaya sapa yaa?

    BalasHapus